Kamis, 17 April 2014

Sesorah : MC Pengantenan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu ‘ala sayyidina muhammadin wa’ala alihi washohbihi ajma’in, amma Ba’du.
Ingkang tuhu kinabekten para sepuh lan pinisepuh. Dhumateng para alim ulama’ ingkang tansah kulo ta’dzimi. Penganten sarimbit inggih punika mas Kukuh Widayanto putranipun bapak H. Amin Rahardjo sekalian, kalian mba Yesi Gusnia putrinipun Bapak Semin saha pengombyong ingkang kawula hormati. Sedoyo tamu undangan, para pilenggah ingkang kinurmatan. 
Langkung rumiyin kita tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-pinten kenikmatan satemah wonten siang punika kita saget makempal wonten adicara walimatul ‘urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kita sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kita aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafa’atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawula hormati, kawula bade ndereakaen runtuting adicara ingkang sampun karancang, inggih punika;
  • Titilaksono ingkang sepisan, Pambuka
  • kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur’an
  • Adicara ingkang angka tiga atur pambagyoharjo
  • Adicara urut angka sekawan, atur pasrah penganten kakung
  • Lajeng adicara angka gangsal, atur penampining penganten kakung
  • Adicara ingkang angka enem, sabdo tomo saha do’aipun
  • Adicara ingkang pungkasan, penutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kita bikak sareng-sareng kanti waosan Ummul Kitab.Liridho’illa Wa lissyafa’ati Rasulillah, Alfatihah…
Maturnuwun ingkang waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun adicara siang punika. Adicara ingkang urut angka kalih atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening mba Naila Rizqi, dhumateng panjenenganipun kawula sumanggaaken.
Mekaten, kawula aturaken matursuwun.
Selajengipun adicara ingkang angka tiga, atur pasrah penganten kakung. Dhumateng sesulihipun ……………………….kawula aturaken.
Dhumateng panjenenganipun kawula aturaken matursuwun.
Adicara selajengipun atur penampining penganten kakungg ingkang badhe kaastho panjenenganipun…………………………………... Dumateng panjenenganipun kawula aturaken
Matursuwun kawula aturaken.
Ngancik adicara ingkang pungkasan penutup. Hananging sakderengipun kita tutup, dhumateng pinanganten sarimbit kawula suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng para tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do’a restu.
Mekaten runtuting adicara ingkang sampun kalampah, mangga sareng-sareng kita tutup pahargyan wonten siang punika kanthi waosan tahmid, kawula dereaken Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.Amiin.
Saking kawula anggenipun ndereaken adicara, mbok bilih kawula anggenipun matur kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggalih panjenengan sedaya, kawula nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawula pungkasani.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Maya Elvira Castro (XII.A.5/15)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar