Kamis, 17 April 2014

Sesorah : Mengeti Dinten Kartini

Tanggap Wacana
Mengeti Dinten Kartini

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh,
            Ibu-ibu, sedherek-sedherek remaja putra lan putri ingkang satuhu kinurmatan. Saderengipun kula atas nama ibu pkk ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan lan saged ngrawuhi pawiwahan pangetan dinten Kartini punika.
            Raden ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879. Pramila ing tanggal 21 April punika kita pengeti minangka dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun R.A. Kartini ingakang sampun ngankat drajating wanita sami kaliyan drajating priya. Rikala sugenging R.A. Kartini, para wanita tansah wonten ing pingitan, boten dipun keparengaken sekolah, boten dipun parengaken gadhah pedamelan igkang sami kaliyan pedamelanipun priya. Ing jaman sakniki kathah menteri dipun lenggahi dening para wanita, kathah dokter-dokter wanita, kathah kalenggahan ing peprentahan ingkang samurwat kaliyan kalenggahan para priya ingkang dipunpimpin wanita lsp.
            Ing salebetipun mengeti dinten wiyosipun R.A. Kartini ingkang kedah kita pengeti inggih punika semangatipun ing babagan emansipasi wanita. Boten namung mengeti anggenipun Kartini ngagem nyamping, anggenipun Kartini mawi sanggul ageng. Nanging kados pundi R.A. Kartini majengaken para wanita.
            Mbok menawi saupami R.A. Kartini taksih gesang badhe mongkong ningali kawontenan kaum wanitaing nagarinipun. Ing suwaunipun supados sederajat kaliyan priya tumrap hak-hak ipun, malah kathah ingkang mboten ngremenaken. Kados ta para wanita kathah ingkang sami ses rokok. Para wanita kathah ingkang mawi celana. Punika mboten ateges emansipasi. Lan R.A. Kartini mboten nggadhahi emansipasi kados mekaten.
            Emansipasi ingkang dipun perjuangaken R.A. Kartini inggih punika ngengingi hak ingkang sami atawisipun priya lan wanita. Manawi priya dipun parengaken ngudi ilmu wonten ing pawiyatan luhur boten naming wanita dipunparengaken wonten ing wingking supados masak kemawon.
            Saderengipun wonten emansipasi saking R.A. Kartini wanita nyambut damelipun naming wonten pawon, boten wonten kaum wanita ingkang nyambut damel ing kantor kados  sapunika. Awit sampun wonten paribasan manawi kados pundi inggiling sekolah wanita ing tembenipun badhe nyambut damel wongten ing pawon.
            Bapak, ibu lan remaja ingkang satuhu kinurmatan, mbok bilih sapunika damel murih majengaken bangsa lan negari lan ugi agami, nanging boten kentun wanita tansah sami nggula wenthah amrih raharjaning kulawarga ugi tumut majengaken generasi muda supados binarumah tangganipun.
            Kula kinten wicaksana manawi atur wacana punika kula pepanjang, pramila kula cekapi semanten kemawon boten kantun kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun sami nyengkuyung wontenipun pangetan punika kanthi bantuan ingkang arupi punapa kemawon. Mugi pikantuka lelintu ingkan samurwat saking ngarsanipun Gusti Allah SWT.
            Nuwun.
Akhirul kalam bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum  warahmatullahi wabarakatuh.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar