Kamis, 17 April 2014

Sesorah : Atur Pinanganten Kakung

Atur Pasrah Pinanganten Kakung
Assalamu’alaikum.wr.wb
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan lan sedaya, Amin.
Panjenenganipun Bapak Samino sekaliyan garwa ingkang kinurmatan. Para hadhirin tamu undhangan ingkang kawula mulyaaken. Keparenga kula minangka talanging basa panjenenganipun Bapak H. Amin Rahardjo sekaliyan garwa, ngabiyantara (tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung mas Kukuh Widayanto dene wigatosing perlu nuninggih mekaten:
Sepisan hangaturakan salam taklimipun panjenengan Bapak H. Amin Rahardjo sekaliyan katur panjenenganipun Bapak Samino sekaliyan garwa dalasan sedaya kaluwangsa.
Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung mas Kukuh Widayanto mugi  katampi kanthi renaming penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapak Semin ingkang nama Yesi Gusnia miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengombyong namung jumurung mugi tumapaking titi laksana rancag lancar tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.
Mekaten pepuntaning atur, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum.wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar