Minggu, 28 April 2013

Sesorah MC Basa Jawa



Assalaamu’alaikum WR.WB

·         Dumateng Ibu Kepala Dinas Kesehatan Kabupaten Kebumen ingkang minulya
·         Dumateng Bapak Kepala SMA Negeri 1 Kebumen  ingkang kawula mulyaaken
·         Bapak ibu guru sarta staf karyawan SMA Negeri 1 Kebumen dhahat kinurmatan
·         Kanca-kancaku kelas X, XI, XII ingkang kawula tresnani.
Sumangga kita sareng-sareng ngaturaken raos puji syukur kita dumateng Alloh SWT, ingkang sampun paring Rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya. Sahingga kita saged makempal wonten ing Aula SMA Negeri 1 Kebumen ing Adicara Hari Anti Narkoba punika.
Sholawat saha salam tansah kunjuk dumateng Nabi Agung Muhammad SAW engkang kito antu-antu syafa’atipun wonten ing Yaumil Qiyamah Aamiin Allohumma Aamiin
Sakderengipun adicara dipun wiwiti, Kawula bade maosakaen runtutipun acara ing siang puniko.
1.      Sepindah adicara pambuka
2.      Adicara ingkang angka kalih inggih punika sambutan saking Bapak Kepala SMA Negeri 1 Kebumen
3.      Adicara ingkang angka tiga inggih punika sambutan saking Ketua Osis SMA Negeri 1 Kebumen
4.      Adicara ingkang angka sekawan sambutan saking Kepala Dinas Kesehatan Kab. Kebumen
5.      Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika panutup

Hadhirin ingkang minulya , mangga adicara ing siang punika kita wiwiti kanti waosan basmallah sareng-sareng.

Hadhirin ingkang kawula hormati, ndungkap adicara sak lajengipun inggih punika sambutan. Sambutan engkang sepindah saking Bapak Kepala SMA Negeri 1 Kebumen. Dumateng panjenenganipun wekdal kawula aturaken …

Kita aturaken angunging panuwun dumateng panjenenganipun

Hadhirin ingkang kinurmatan, adicara sak lajengipun inggih punika sambutan  engkang angka kalih inggih punika sambutan saking Ketua Osis SMA Negeri 1 Kebumen. Dumateng panjenenganipun wekdal kawula aturaken …

Kita aturaken angunging panuwun dumateng panjenenganipun

Hadhirin ingkang kawula hormati, adicara sak terasipun inggih punika sambutan engkang angka tiga inggih punika sambutan saking Kepala Dinas Kesehatan Kab.  Kebumen. Dumateng panjenenganipun wekdal kawula aturaken sak cekapipun…

Kita aturaken angunging panuwun dumateng panjenenganipun

Hadhirin ingkang minulya, mekatenlah adicara ing siang punika. Mugi-mugi kita saged mendet hikmah ugi manfa’at punapa engkang sampun dipungendikaaken saking narasumber .

Sak derengipun adicara ing siang punika kita tutup, kawula ing mriki sak dangunipun ndereaken adicara ing siang punika kathah klenta - klentunipun kawula nyuwun sih agunging samudra pangarsami .
Mangga kita sareng – sareng tutup adicara ing siang punika kanthi waosan hamdallah sareng – sareng .
Wassalaamu’Alaikum WR.WB


Maya Elvira Castro (XI IPA 3/19)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar